Layang Kanggo Sedulurku Poro Kasepuhan Dakwah

"Dadi Wong Tuwo Iku Ora Gampang"

Dening : Ki Cahyadi Takariawan

Sedulurku kabeh, para kasepuhan dakwah, poro pinisepuh lan sesepuh, utowo sing dianggep sepuh, utowo sing wis koyo wong sepuh…. Aku nulis layang iki kanggo ngajak panjenengan kabeh supoyo ndarbeni watak kang berbudi bowo leksono. Dadi wong tuwo jebul ora gampang, amargo opo wae sing diomongne utowo dilakoni, kabeh tansah digatekne poro kadang mudho. Ojo maneh kok ngomong, lah wong menenge wong tuwo wae wis iso dadi gawe. Mulo ayo podho lerem ing pikiran lan padhang ing ati.

Durung suwe iki aku krungu omongane poro kadang “kemampo”, sakjane durung tuwo nanging dipekso dadi tuwo, lan pancen dianggep tuwo. Ora sengojo ketemu poro kemampo iki ing pirang-pirang papan, lan podho curhat nasibe dhewe-dhewe. Ealah, jebule critone kok podho wae eneng ngendi-endi. Aku mbayangke, durung suwe awake dhewe iki dadi wong enom, saiki jebul wis dadi wong tuwo utowo dianggep tuwo. Jebule awake dhewe iki lagi sinau piye carane dadi wong tuwo kang migunani. Dudu wong tuwo sing dadi ampas, nanging dadiyo wong tuwo kang iso maringi tulodho tumrap kadang wredho lan kadang mudho.

Ayo podho sinau dadi wong tuwo kang utomo. Naliko wong tuwo diundang rapat bareng karo poro kadang mudho, kudu iso wicaksono. Yen wong tuwo akeh pendhapate, iso dikiro kakehan ngatur. Yen eneng nggon rapat mung meneng wae, jare ora ono gunane ngundang wong tuwo. Naliko ngrembug keputusan ing sajroning rapat, yen wong tuwo ngomong ora setuju, mengko dikiro njegal program. Nanging yeng ngomong setuju, mengko dikiro wong tuwo kok ora duwe prinsip, ming waton muni setuju. Dadi anggone mrenahke awake dhewe iki kudu ngati-ati banget. Angel to kahanane ?

Risih banget rasane yen tansah krungu omongan sing miring. Ora duwe omah, iso dadi pitakonan, wong wis tuwo kok ora duwe omah. Bareng duwe omah, dadi omongan, iku duwit seko ngendi. Ora duwe motor, dadi rasanan, jare mesakke wis tuwo kok menyang ngendi-endi ming mlaku. Bareng tuku motor dadi rasanan, kae wong tuwo kok wani kredit. Ora duwe mobil, dadi pitakonan, jare ora tegel nyawang wong tuwo mboncengke anake papat numpak motor. Kamongko anake enem, sing loro dikon mlayu, sing papat diboncengne motor ambek nyonyahe. Bareng wani tuku mobil digrenengi, kae wong tuwo kok malah tingkahe borju.

Kamongko sakjane ora borju, nanging pancen seneng burjo alias bubur kacang ijo…. Iku pancen panganan kang sehat kanggone wong tuwo. I love burjo. Opo maneh ditambahi ketan ireng lan santen klopo, wah sedhep temen….. Mak sruput, seger….


Malah ono sing ngrasani, kae wong tuwo kok mobile ganti-ganti, kamongko pancen gaweyane dol tinuku mobil kanggo panguripan. Samben dino Minggu wiwit esuk tekan sore siaran terus eneng TVRI stasiun Ngayogjokarto Hadiningrat, alias bakulan mobil bekas. Ing halamane TVRI Ngayogjokarto samben dino Minggu pancen kanggo dodolan mobil bekas. Wong kang pengin adol utowo tuku mobil bekas, jujugane neng halaman TVRI iku. Kanggone poro bakul, tekane kudu mruput, men iso dasaran ing papan kang strategis. Yen kawanen sithik wae, manggone wis eneng mburi, dadi ora akeh sing podho marani.

Aku ugo krungu omongane poro kadang mudho, sing lagi podho ngrasani poro sesepuh lan pinisepuh. Atiku ngeres banget, rasane ser-seran krungu omongan koyo mangkono iku. Poro kadang mudho iki podho ngrembug jenise wong tuwo. Ono si A, ono si B, ono si S, lan ono si D. Wah aku rumongso sedih krungu wong tuwo dadi bahan omongan. Jare si A iku sombong, jare si B iku cethil, jare si C iku medhit, jare si D iku methakil. Ono maneh si E sing ora peduli. Yen si F iku koyo priyayi. Yen si G kae ora mbejaji. Aku ora ngerti, kiro-kiro awakku mlebu sing endi. Gek gek awakku wiwit A tekan Z mlebu kabeh, wah jan ciloko tenan awakku.

Sedulurku kabeh, para kasepuhan dakwah, poro pinisepuh lan sesepuh, utowo sing dianggep sepuh, utowo sing wis koyo wong sepuh…. Aku ngerti awake dhewe kabeh lagi podho sinau, maklum durung tau dadi wong tuwo sak durunge iki. Sinau piye carane dadi wong tuwo sing iso dadi tulodho. Ayo podho luwih ngati-ati anggone njogo lisan, luwih ngati-ati anggone komentar, luwih ngati-ati anggone tumindak. Jane ora ono sing gelem dadi wong tuwo sing dipekso dadi tulodho koyo ngene iki, soale pancen abot tenan, koyo-koyo ora ono sing bener. Ananging piye maneh, sejarah ndapuk awake dhewe dadi wong tuwo saiki. Gelem opo ora gelem, seneng opo ora seneng, iki wis dadi karepe sejarah.


Panjenengan kabeh mugo-mugo isih kelingan ngendikane ustadz Hilmi Aminuddin naliko piyambake blak-blakan crito kondisine, sing kerep dadi rasanan lan omongane wong akeh. Panjenengane nyritakake iku kanthi trawoco, naliko ono kegiatan ing Denpasar, Bali, tahun 2008 wingi. Wektu aku nggatekake pangandikane, aku trenyuh banget. Mbokmenowo panjenengane wis rumongso banget abote, nganti kawetu ing forum umum wektu iku. Aku dadi luwih cetho saiki, jebule wong tuwo pancen abot banget sanggane. Tambah tuwo lan tambah dhuwur posisine, tambah akeh omongan kang ditujokake marang dheweke, tambah abot ugo sanggane.

Dadi saiki awake dhewe kudu luwih akeh sinaune, kuduh luwih akeh sabare, kudu luwih akeh pangapurane, kudu luwih akeh ngati-atine. Jan angel tenan dadi wong tuwo, ngopo kok awake dhewe ndadak dadi tuwo yo ? Mbok enom terus wae, nek perlu cilik terus wae, ora ono sing nyalahke. Saiki rasa-rasane akeh banget kesalahane awake dhewe. Ananging eneng donyane dakwah iki pancen kudu ono sing gelem dadi wong tuwo. Yen kabeh pengine dadi kawulo mudho, mengko dadi kegiatane kurang wicaksono, amargo kurang dugo. Jare wong enom iku sifate keladuk wani kurang dugo.

Sing perlu kanggone kito saiki ayo tumindak luwih ngati-ati. Ayo eling terus yen awake dhewe iki wis dianggep tuwo lan dipekso maringi tulodho utomo. Ora perlu mikirke omongan sing ora-ora marang awake dhewe, soale omongan ngono iku akeh manfaate kanggo njogo kabecikane wong tuwo. Kanggo ngelingake, kanggo nglurusake, kanggo mbenerake, supoyo awake dhewe ora dadi wong tuwo kang cidro lan culiko. Ojo podho dadi Pandhito Durno, nanging dadiyo Prabu Kresno kang hambeg budi bowo leksono. Mugo-mugo poro kadang mudho tembene iso luwih apik lan luwih utomo tinimbang kito kang wis podho tuwo.

Sedulurku kabeh, para kasepuhan dakwah, poro pinisepuh lan sesepuh, utowo sing dianggep sepuh, utowo sing wis koyo wong sepuh…. Tak kiro cukup semene dhisik layangku. Aku nulis layang iki supoyo panjenengan kabeh gelem ngelingne aku yen dadi wong tuwo kang ora utomo. Ojo dijarno wae awakku iki yen nduweni watak angkoro murko. Tulung aku dikandhani, tulung aku dijewer, tulung aku dinasehati. Aku wedi banget yen awakku mung dadi rasanan, nanging ora ono sing gelem nasehati. Aku sedih banget yen awakku mung dadi omongan, nanging ora podho gelem ngandhani. Tak bukak atiku, tak bukak pikiranku, tak bukak kupingku, supoyo gampang nggatekke nasehat lan pitutur kabecikan.

Tak kiro poro kadang mudho luwih abot yen arep nasehati awake dhewe sing kadhung dianggep tuwo. Pramilo ayo podho tawashaw bil haq, tawashaw bish shabr, lan tawashaw bil marhamah ing antarane poro kasepuhan dhewe. Ojo podho sungkan lan rumongso abot yen maringi nasehat utowo pituduh kang bener. Yen ono wong tuwo sing salah, ayo dibenerke. Yen ono wong tuwo sing medhit, ayo dilomakne. Yen ono wong tuwo sing sombong, ayo dilembah-manahke. Yen ono wong tuwo sing culiko, ayo podho dielingke. Yen ono wong tuwo kang hambeg durangkoro, ayo podho diresikne.


Mugo awake dhewe kabeh iso dadi wong tuwo kang paring tulodho tumrap kadang mudho. Mugo kito kabeh iso dadi conto kang utomo. Muga kito kabeh tansah iso maringake kontribusi kabecikan kanggo kamajuaning dakwah lan kamulyaning ummah. Amin.

*)http://cahyadi-takariawan.web.id/?p=1419


*posted by: Blog PKS PIYUNGAN - Bekerja Untuk Indonesia
Baca juga :